
algojo = tukang ngukum pati singanegara
babu = wong wadong sing gaweane momong
bajag = wong sing gawean mbegal ing segoro
bakul = wong sing gaweane dodol barang (cilik-cilikan)
batur = wong sing gaweane ngrewangi panggawean
begal = durjana (maling) ing dalan sepi
bendung = wong sing pagaweane mbendhung banyu
blandhong = tukang negor kayu (ing alas)
blantik = bakul kewan
buruh = wong sing nyambut gawe ngalap opah
cantrik = abdine pandhita ngiras dadi muride
carik = juru tulis ing kalurahan
dhalang = wong sing gaweane nglakoke lan nyritakake wayang
dokter = wong sing gaweane ngobati wong loro
emban = wong sing gaweane ngemong bocah
empu = wong kang pinunjul (pujangga,ahli, lsp); pandhe.
gamel = tukang ngopeni jaran
gandhek = utusan ratu (gaweane nglantharake dhawuh)
gemblak = tukang gawe barang kuningan
gerji = tukang ndondomi klambi
germa = tukang mbeburu kewan
guru = wong sing gaweane mulang muruk ing pamulangan
jagal = tukang nyembelih rajakaya(kewan)
jlagra = tukang natah watu
juragan = saudagar gedhe; lurahe pakaryan
juru basa = wong kang pinter negesi basa manca (liya)
juru dang = tukang adang
juru kunci = wong sing gaweane ngrumat pasarean (papan kramat)
juru madhaharan = tukang oleh-oleh ing kraton
jurumudhi = tukang ngemudheni prau
juru silem = wong sing gaweane nyilem ing segoro
juru sungging = wong sing pinter nyungging (nggambar)
juru tambang = tukang nglakokake prau gethek ing kali
juru terbang = wong sing nglakokake montor mabur
juru tulis = wong sing gaweane nulis ing kantor
kemasan = tukang gawe dandanan mas inten
koki = tukang olah-olah
kondektur = tukang nariki lan mrikso karcis ing bis (sepur)
kundhi = tukang gawe grabah
kusir = tukang nglakoke dokar
kyai = wong sing pinter baba agama; sebutane pusaka
malang = pulisi desa
mandhor = wong sing dadi pangerape kuli
masinis = tukang nglakoke sepur
merbot = punggawa mesjid
molang = bakul rajakaya
montir = tukang ndandani mesin
mranggi = tukang gawe wrangka
niyaga, wiyaga = tukang nabuh gamelan
pacalang = pegawe kang gaweane ngulatake lakune musunh
pakathik = tukang nuntun jaran
palara-lara = para nyai cilik (enom)
palayangan = tukang ngeterake layang
pandhe = tukang gawe warang wesi
panegar = tukang ngajari jaran
panjak = tukang ngladeni pandhe;niyaga
pangobeng = wong kang buruh ngobeng (mbathik)
para = bakul mas inten
parekan = para nyai kang katengen (ing kraton)
pasindhen = wong kang nyindheni (mbarengi nembang) gamelan
pawongan = batur wadon
prajurit = wong kang panggaweane bela negara
pramugari = wong sing gaweane ngladeni ing montor mabur, sepur, bis, lsp
pramuwisma = wong sing gaweane ngrewangi panggawean bale omah
sarawedi = tukang adol utawa nggosok intan berleyan
sayang = tukang gawe barang tembaga
sekater = tukang naksir ing pegadhean
sinoman = wong (nom-noman) sing gaweane laden
srati = tukang ngrumat (ngupakara) gajah
saudagar = wong dagang (gedhe)
supir = tukang nglakokake montor
tuwa buru = abdine germa
undhagi = tukang gawe bekakas kayu
-update-
KORUPTOR = wong kang pek pinek utawa dremba ngrayah duite rakyat.
1 comments:
thank's kang
pe'er aq kebantu bwud
Post a Comment