
Alun-alun = palemahan jembar ing satengahing kutha
Babadan = palemahan sing wis dibabadi
Bale mangu = papan kanggo ngadili wong nyalahi ukum
Bango = papan kanggo dodolan
Bangsal = omah gedhe kanggo pasamuwan
Beteng = tembok gedhe dhuwur ing sakubenge kraton lsp; loji )kumpeni sing diubengi tembok gedhe
Bong = kuburan cina
Bothekan = kothak mowo slorogan kanggo wadhah jamu utawa bumbu lsp
Cakruk = omah pajagan ing pinggir dalan
Clunthang = wadhah jangkrik
Endhong = wadhah panah
Epok = wadhah kinang
esong = growongan ing pinggir kali; omah landhak
gayor = canthelan gong
gedhogan = kandhang jaran
gerdhu = omah pajagan ing kampung lsp
glodhog = kothak kanggo ngingu tawon
greja = omah kanggo sembahyang wong kristen
gowok = gowongan inng kayu lsp (susuhe manuk)
grobog = kothak gedhe kanggo nandho barang-batang; kamar kanggo nyimpen barang-barang
gupit mandragini = gedhong kagem sare sang prabu
hotel = omah gedhe kanggo panginepan sawetara
iyan = wadhah ngeler sega
jodhang = wadhah pesagi kanggo nggawa panganan lsp. Mawa pikulan
jun = wadhah banyu (kanggo ngangsu)
kabupaten = daleme bupati
kadhaton, kraton = daleme ratu
kandhang = omahe kewan ingon (kebo,sapi,wedhus,lsp.)
kanthongan = sak ing klambi, wadhah barang-barang cilik
kantor bank = kantor kanggi ngurusi dhuwit
kantor pos = kantor kanggo ngurusi surat-surat lsp
klenteng = omah kanggo sembahyang wong cina
kombong = kandhang pitik, bebek lsp
krangkeng = kandhang kewan galak dipagari wesi
kranjang = wadhah kang digawe pring nam-naman
kuncung - omah cilik sangarepe pandhapa
kurungan = piranti kanggo ngurung manuk,pitik lsp
langgar = omah cilik kanggo sembahyang utawa mulang ngaji
leng = bolongan ing lemah dadi omahe gangsir , semut lsp
loji = omah gedhing song apik
lumbung = omah kanggi simpen pari
mesjid = omah kanggo sembahyang wong ISLAM
pacrabakan = papan kanggo sang wiku, pamulangan
padaringan = wadhah simpen beras
padasan = genthong mawa pancuran kanggo wudhu
padhepokan = papan patapan, omah pandhita
paestren = sawah ing tepining kali
paga = papan kanggo simpen bekakas pawon
pagagan = palemahan sing ditanduri wit gaga
pagajih = palemahan waled (neb-neban lendut) saka kali
pagupan = omah dara
paidon = wadhah idu
pakebonan = palemahan jembar ditanduri wi-witan
pakunjaran = omah gedhe kanggo ngunjara uwong
palabuhan = papan kanggo labuh (leren) kapalutawa prau
pamulangan = papan kanggo memulang (sekolahan)
pandhapa = omah ing ngarep kanggo nemoni tamu
panepen = papan kanggo nenepi (semedi, tapa lsp)
pantisari = omah cilik satengahing patanaman
papon = wadhah enjet (apu)
pasanggrahan = papan panginepan ing sajabaning kutha
pasantren = omah kanggo sinau (maguru) para santri
pasar = papan kanggo dol tinuku barang-barang
pasetran = papan pambuwang bangke
pasisir = palemahan pinggir segara
patamanan = palemahan sing ditanduri kekembangan
patapan = papan kanggo wong tapa; omah pandhita
patarangan = panggonan ngendhog pitik
pawon = papan (omah) kanggo olah-olah
payudan = ara-ara kanggo perang
pinihan = palemahan dienggo ndhedher winih ing sawah
plangkan = jagragan sanggan tumbak, payung lsp
plegungan = papan dienggo sapi ngaso ing eyuban
ploncoan = gawangan kayu mowo bolongan kanggo ndokok teken,tumbak lsp
pluwang = luwangan kanggo masangi kewan alasan
pomahan = pekarangan sing diedegi omah
pondhok = omah dienggo mondhok ngaji para santri
pragen = wadhah bumbu sarta uyah
pranji = kandhang pitik
ranggon = gubug (kaya pengangguran ) kanggo palerenan ing alas utawa njaga kewan
rong = leng sing gedhe (omah ula,yuyu,iwak lsp)
rumah sakit = omah kanggo ngrumah wong lara
sanggar = omah kanggo muja semedi, papan latihan kagunan
segaran = tetirone segara
selon = bumbung wadhah bumbu (trasi,lombok, lsp)
senthong = guthekan ing sajroning omah kanggo papan turu
setasiun = papan endheg-endhegan sepur
setren = sawah ing pinggiring kali
slepen = wadhah rokok (sing digawe mendhong)
sudhung = gegrumbulan oamah celeng
susuh = omah manuk
tabong = luwengan kanggo ngobong gendheng
tala = omah tawon
talun = pagagn ing pagunungan
tambak = blumnag ing pesisir dienggo ngingu bandeng,urang
tangsi = omah (pamondhokan) saradhadhu
tegalan = palemahan sing ditanduri palawija
tulang = kothakan cilik kanggo adu jangkrik
warung = papan kanggo dodolan (panganan lsp)
wrangka = kayu urunge keris,tumbak lsp
0 comments:
Post a Comment