Aja ngendel-endelake endahing rupa, akehing bandha. Awit karo-karone bisa sirna sakedhep netra

Rasane Apa



anyir = rasane blondho (klentik)
anglek = rasane kurma
anta = rasane banyu tawa (ora asin)
asin = rasane uyah
cemplang = rasane jangan kurang bumbu
getar = lenga klentik sing ala
getir = pete, jengkol, jeruk purut
gurih = rasane tempe, mete, kemiri, kacang
kecut = rasane asem, pelem mentah
kumetep = rasane lombok jemprit
legi = rasane gula, permen
mirasa = rasane bandeng
pait = rasane bratawali, jamu, pil
pedhes = rasane lombok, mrica
seger = rasane banyu klapa, banyu es
sepa = rasane tebu gabeng
sepet = rasane salak
tumeg = rasane klapa kopyor lanjut maos..

Ambune Apa




amis = ambune iwak mentah
apek = ambune kringet, klambi reged, kelek
arum, wangi = ambune kembang mlathi, arum dalu
arus = ambune getih, hawa ing segara
bacin = ambune idu
badheg = ambune bathang kewan
banger, basin = ambune peceren
nduleg = ambune lenga sing kaladuk (kakehan) wangi
kecing = ambune iwak loh
langu = ambune tembako, tikus, kembang theleng
lecit = ambune krambil bosok
pengar = ambune lobcak
penguk = ambune tembako lawas, beras lawas
prengus = ambune wedhus
pesing = ambune uyuh, ompol
sangit = ambune kebul barang sing kobong
sedhep = ambune pandhan, jeruk purut
sengak = ambune cokak, kandhang kewan
sengir = kembang kenikir
sumegrak = ambune lombok goreng
sumentug = ambune tletong
tengik = ambune lenga klentik lawas lanjut maos..

Prenahe Sadulur



sadulur = bocah (wong) kang tunggal bapak ibu
sadulur misanan = sadulur tunggal embah; nakdulur
sadulur mindhoan = sadulur tunggal buyut
keponakan = anake sadulur tuwa utawa sadulur enom
putu = anake anak
putu keponakan = anake keponakan
paklik (paman) = adhine bapak utawa ibu (lanang)
bulik (bibi) = adhine bapak utawa ibu (wadon)
pakdhe (uwa) = kangmase bapak utawa ibu (lanang)
budhe (uwa) = mbakyune bapak utawa ibu (wadon)
maratuwa = wong tuwane bojo
anak mantu = bojone anak
putu mantu = bojone putu
besan = wong tuwane mantu
ipe = sadulure bojo
pripean = ipene sedulur
sadulur kuwalon = sadulur tunggal bapak seje ibu (tunggal ibu seje bapak)
anak angkat = bocah liya sing diakoni anak
sadulur asu = sadulur tunggal ibu (seje bapak)
lanjut maos..

Urut-urutane Sadulur Lan Turunan




Urut-urutane Sadulur

Pambarep ---> Panggulu ---> Pandhadha...Sumendhi ---> Wuragil

Urut-urutane Turunan

urut munggah = bapak ibu ---> embah ---> buyut ---> canggah ---> wareng ---> udheg-udheg ---> gantung siwur ---> grepak senthe

urut mudhun = bapak ibu ---> anak ---> putu ---> buyut ---> canggah ---> wareng ---> udheg-udheg ---> gantung siwur ---> grepak senthe lanjut maos..

Jenenge Bocah



ontang-anting = anak siji lanang
uger-uger lawang = anak loro lanang kabeh
cukit dulit = anak telu lanang kabeh
saramba = anak papat lanang kabeh
pandhawa = anak lima lanang kabeh
unting-unting = anak siji wadon
kembang sepasang = anak loro wadon kabeh
gotong mayit = anak telu wadon kabeh
sarimpi = anak papat wadon kabeh
pancagati = anak lima wadon kabeh
kedhana-kedhini = anak loro lanang wadon
kedhini-kedhana = anak loro wadon lanang
sendhang kaapit pancuran = anak telu, lanang - wadon - lanang
pancuran kaapit sendhang = anak telu, wadon - lanang - wadon
keblat papat = anak papat lanang wadon
sapasar = anak lima lanang wadon
ipil-ipil (pipilan) = anak lima, lanang siji
padangan = anak lima, wadon siji
pandhawa nyandhangi = anak nem, wadon siji waruju
kembar = anak loro lanang kabeh utawa wadon kabeh laire bareng
dhampit = anak loro lanang lan wadon laire bareng
gilir kacang = anak akeh, giliran lanang wadon
lumpat kidang = anak akeh, ora giliran lanang wadon
grandhel = anak lanang pirang-pirang, kang waruju wadon (utawa kosok baline)
gendhong = anak lanang pirang-pirang, kang tengah wadon
pathok = anak wadon pirang-pirang, kang tengah lanang
sumarak = anak pirang-pirang, sing lanang luwih akeh
anggana = anak akeh, sing urip keri siji
cemani = bocah ireng mulus
wungle, bule = bpcah putih mulus
gondhang kassih = anak loro seje pakulitane, siji putih siji ireng
julung kembang = bocah lair bareng pletheking srengenge
julung sungsang = bocah lair wektu bedhug awan
julung sarab = bocah lair ngarepake surup srengenge
julung caplok = bocah lair barengi surup srengenge
margana = bocah lair pinuju ibune ing lelungan
wuyungan = bocah lair pinuju ana perang (gegeran)
wahana = bocah lair pinuju ibune ana ing pasamuwan
jempina = bocah lair durung wektune (umpamane 7 sasi)
yatim = bocah lair ora menangi bapake
lola = bocah sing wis ora duwe bapa biyung
lola bapak (biyung) = bocah sing ora duwe bapak (biyung) merga mati
konduran = bocah lair nanging ibune seda
sumala = bocah cacad wiwit lair
thok-thing = bocah lair sirahe cilik
pambarep = anak sing nomer siji
panggulu = anak sing nomer loro
pandhadha = anak sing nomer telu
sumendhi = kakang wuragil
wuragil, waruju = anak sing keri dhewe
lanjut maos..

Jenenge Senjata Lan Aji-aji




Antareja = upas Anta
Aswatama = Senjata Cundhamanik
Baladewa = Senjata Kunta, gada Nanggala lan Alugara
Dasamuka = senjata Candrasa. pedhang Sokayana. aji-aji Pancasona
Gathutkaca = caping Basunandha, kotang Antakusuma. aji-aji Narantaka
Indrajit = senjata Nagapasa lam Wimohanasastra
Janaka = panah Pasopati, Sarotama, Ardhadhedhali, keris Pulanggeni, Kalanadhah, aji Sapiangin
Jayadrata = gada Rujakbeling
Karna = senjata Kunta, keris Kaladite, panah Wijayandanu. aji Kalalupa
Kresna = senjata Cakra, aji Wijayakusuma
Kumbakarna = aji Gedhongmenga, Petakgelak Sakethi
Puntadewa = aji Kalimasada, Songsong Tunggulnaga
Ramawijaya = panah Guwawijaya
Salya = aji Candhabirawa
Subali = aji Pancasona
Werkudara = gada Rujakpolo, Lukitasari, kuku Pancanaka

-updatan paling anyar-

AJI-AJINE Arjuna:
-Palimuan/panglimunan = bisa ngilang.
-Tunggingmaya=bisa gawe banyu.
-Sepiangin = bisa mlaku tanpa napak lemah bantere pindho angin.... See More
-Mlayabumi = bisa ngalahke mungsuh.
-Pengasihan/sempaliputri = disenengi wong akeh.
-Asmaragama/kamasutra = ngelmu saresmi.
GAMANE Arjuna:
-Pecut Kyai Pamuk
-Panah Pasopati
-Panah Harya Sangkali
-Panah Ardhadehali/Hrudhadhedali
-Ali-ali Mustika Ampal
-Trompet Dewadata
-Keris Pulanggeni
-Brahmasira/Agniyastra
-Panah Merdaging
-Panah Mercujiwa Sarotama
-Keris Kyai Kalanadhah
-Busur Kyai Gendhewa

matur nuwun kagem mas Roni Darma
lanjut maos..

JENENGE RATU LAN PANDHITA



Prabu Arjuna Sasrabahu ratu ing Maespati
Prabu Baladewa ratu ing Mandura
Prabu Basudewa ratu ing Mandura
Prabu Bomanarakasura ratu ing Trajutrisna
Prabu Drupada ratu ing Cempala
Prabu Dasarata ratu ing Ngayodya
Prabu Dasamuka ratu ing Ngalengka
Prabu Drestarata ratu ing Ngestina
Prabu Kresna ratu ing Dwarawati
Prabu Kama ratu ing Ngawangga
Prabu Maswapati ratu ing Wiratha
Prabu Niwatakawaca ratu ing Iman Imantaka
Prabu Pandhu Dewanata ratu ing Ngastina
Prabu Puntadewa ratu ing Ngamarta
Prabu Ramawijaya ratu ing Pancawati
Prabu Salya ratu ing Mandraka
Prabu Sugriwa ratu ing Guwakiskendha
Prabu Suyudana ratu ing Ngastina
Begawan Abiyasa pratapane ing Saptaarga
Resi Bisma pratapane ing Taikandha
Pandhita Duma pratapane ing Sokalima
Begawan Mintaraga pratapane ing Indrakila
Resi Palasara pratapane ing Ratawu
Resi SUbali pratapane ing Guwakiskendha

lanjut maos..
 
Sapala Basa Jawa © 2010