
ontang-anting = anak siji lanang
uger-uger lawang = anak loro lanang kabeh
cukit dulit = anak telu lanang kabeh
saramba = anak papat lanang kabeh
pandhawa = anak lima lanang kabeh
unting-unting = anak siji wadon
kembang sepasang = anak loro wadon kabeh
gotong mayit = anak telu wadon kabeh
sarimpi = anak papat wadon kabeh
pancagati = anak lima wadon kabeh
kedhana-kedhini = anak loro lanang wadon
kedhini-kedhana = anak loro wadon lanang
sendhang kaapit pancuran = anak telu, lanang - wadon - lanang
pancuran kaapit sendhang = anak telu, wadon - lanang - wadon
keblat papat = anak papat lanang wadon
sapasar = anak lima lanang wadon
ipil-ipil (pipilan) = anak lima, lanang siji
padangan = anak lima, wadon siji
pandhawa nyandhangi = anak nem, wadon siji waruju
kembar = anak loro lanang kabeh utawa wadon kabeh laire bareng
dhampit = anak loro lanang lan wadon laire bareng
gilir kacang = anak akeh, giliran lanang wadon
lumpat kidang = anak akeh, ora giliran lanang wadon
grandhel = anak lanang pirang-pirang, kang waruju wadon (utawa kosok baline)
gendhong = anak lanang pirang-pirang, kang tengah wadon
pathok = anak wadon pirang-pirang, kang tengah lanang
sumarak = anak pirang-pirang, sing lanang luwih akeh
anggana = anak akeh, sing urip keri siji
cemani = bocah ireng mulus
wungle, bule = bpcah putih mulus
gondhang kassih = anak loro seje pakulitane, siji putih siji ireng
julung kembang = bocah lair bareng pletheking srengenge
julung sungsang = bocah lair wektu bedhug awan
julung sarab = bocah lair ngarepake surup srengenge
julung caplok = bocah lair barengi surup srengenge
margana = bocah lair pinuju ibune ing lelungan
wuyungan = bocah lair pinuju ana perang (gegeran)
wahana = bocah lair pinuju ibune ana ing pasamuwan
jempina = bocah lair durung wektune (umpamane 7 sasi)
yatim = bocah lair ora menangi bapake
lola = bocah sing wis ora duwe bapa biyung
lola bapak (biyung) = bocah sing ora duwe bapak (biyung) merga mati
konduran = bocah lair nanging ibune seda
sumala = bocah cacad wiwit lair
thok-thing = bocah lair sirahe cilik
pambarep = anak sing nomer siji
panggulu = anak sing nomer loro
pandhadha = anak sing nomer telu
sumendhi = kakang wuragil
wuragil, waruju = anak sing keri dhewe
0 comments:
Post a Comment