Aja ngendel-endelake endahing rupa, akehing bandha. Awit karo-karone bisa sirna sakedhep netra

Ambune Apa




amis = ambune iwak mentah
apek = ambune kringet, klambi reged, kelek
arum, wangi = ambune kembang mlathi, arum dalu
arus = ambune getih, hawa ing segara
bacin = ambune idu
badheg = ambune bathang kewan
banger, basin = ambune peceren
nduleg = ambune lenga sing kaladuk (kakehan) wangi
kecing = ambune iwak loh
langu = ambune tembako, tikus, kembang theleng
lecit = ambune krambil bosok
pengar = ambune lobcak
penguk = ambune tembako lawas, beras lawas
prengus = ambune wedhus
pesing = ambune uyuh, ompol
sangit = ambune kebul barang sing kobong
sedhep = ambune pandhan, jeruk purut
sengak = ambune cokak, kandhang kewan
sengir = kembang kenikir
sumegrak = ambune lombok goreng
sumentug = ambune tletong
tengik = ambune lenga klentik lawas

0 comments:

Post a Comment

 
Sapala Basa Jawa © 2010